BER-KOMSOS

Ini itu tentang bagaimana Gereja berjiarah di dunia yang berkomunikasi sosial.

Wednesday, January 03, 2007

Dino Komunikasi Sosial Sakdonya kaping 41




NAWOLO KANGJENG SRI PAUS BENEDIKTUS XVI

ING DINO KOMUNIKASI SOSIAL SAKDONYO KAPING 41

TEMA:

PORO PUTRO LAN MEDIA:

Tantangan kanggo nggulawentah

20 Mei 2007

Poro kadang kinasih,

1. Tema Dino Komunikasi Sakdonya kaping 41, ”Poro putro lan Media: tantangan tumrap panggulowentah”, ngajak aku kabeh nglelimbang perkoro loro kang pancen mirunggan lan ora bisa pinisah. Sing sepisan, nggulawentah poro putro. Sakbanjure, senadyan mung wujud gagasan, ananging ugo mirunggan, iya ngupoyo media dadi becik.

Tantangan maneka warna ing jagading pendidikan samengko kerep dipikir ono gandeng cenenge karo dayane media kang ngresepi jaman saiki. Minangka salah sawijining pambangun globalisasi, lan uga kasengkuyung dening teknologi kang cepet banget majune, media sanyata rumesep anggone mbangun donyaning kabudayan (priks. Paus Johanes Paulus II, Serat Apostolik Rapid Development, 3). Sanyata, wong sakwetara wis nyatakake, daya pengaruhe media wus dadi saingan marang daya pengaruhe sekolah, Pasamuwan Suci lan bokmenowo ugo, brayat. ”Kasunyatan iku, tumrap wong akeh, mung sing dianggep kasunyatan dening media” (Dewan Kepausan untuk Komunikasi Sosial, Aetatis Novae, 4)

2. Gandeng ceneng antarane putro-putro, media lan pendidikan bisa dipikir nganggo rong perkoro: panggulawentahing anak dening media lan nggulawentah anak saengga bisa kanthi trep nanggapi media. Mulo dadi timbal balik, iya tanggungjawab media minangka industri lan butuhe para pamaos, pamrikso, lan pamiyarso anggone cawe-cawe sacara aktif lan kritis nanggapi media. Kanggo keperluan iki, nggladhi ing babagan panganggone media sacara trep dadi perkara sing baku tumrap mekaring poro putro ing babagan kabudayan, budi pekerti, lan karohanen.

Kepriye bisane ngayomi lan ngupaya maju lan becike urip bebarengan iki? Nggulawentah putro-putro nganti padha bisa nemtokake kepriye nganggo media kanthi becik iku tanggungjawabe wong tuwo, Pasamuwan Suci, lan sekolah. Sing paling penting pembudidayane wong tuwo. Wong tuwo iku duwe hak lan kuwajiban mbudidaya kanthi tumemen, supaya anak-anake nganggo media kanthi wicaksana, iyo kanthi nglantipke roso pangrosone poro putro mau saenggo bisa kanthi becik lan opo anane nanggapi media lan sakbanjuri nemtokake arep nganggo utawa ora (priksanana Paus Johanes Paulus II, Ekshortasi Apostolik Familiaris Consortio 76). Anggone nglakoni kuwajiban mau, wis sakmestine wong tuwo disemangati lan ditulungi dening sekolah lan paroki. Kanthi mangkono bakal kelakon temenan, para wong tuwo ngleksanani tugas kuwajibane sing abot lan angel, nanging pancen kudu dilakoni iki, temenan disengkuyung masarakat sakabeh.

Media pendidikan wus sakmestine asipat becik. Putro-putro kang tansah ngedhep perkoro-perkoro sing endah lan becik bakal tinulung mekarake wawasan, kawicaksanan lan prigel anggone milih lan nemtokake sikap. Mula penting ngakoni ajining tuladhane wong tuwo lan ugo gunane mulang coro kuno kanggo poro putro ing babagan kasusastran, seni lan musik sing pancen nambah luhuring ati. Mulo kasusastran populer bakal tansah tumapak ing kabudayan, ananging panggodha ngowahi nganti mung dadi ’sensasi’, ora pantes dieloni, mirunggane ing papan-papan pamulangan. Kabeh sing endah, kang dadi kacabenggalane kang ilahi, asung inspirasi lan nyemangati ati lan budine poro nom-noman, dene sing jahat lan kasar ngebot-boti sikap lan kelakuan.

Panggulawentahing media, koyo dene panggulawentah liyane, wis sakmestine mbangun tindak tanduk sing mardika. Tugas iki mulo nyrepeg. Kerep banget kamardikan diwartakke awujud pambudidaya terus-terusan kanggo ngudi seneng-seneng utawa mung golek sing sarwo anyar. Iki paukuman, dudu kamardikan. Kamardikan sejati ora tau nibakke paukuman – mirunggane poro putro – supaya terus-terusan ngudi perkara-perkara anyar. Pinadangan ing kasunyatan, kamardikan sejati iku jawaban sing pesthi marang ”Iya” ne Gusti Allah marang manungsa, Gusti kang nimbali aku kabeh supaya podho milih, ora sembarangan, ananging kanthi ngerti lan nganggo kekarepan, kabeh sing becik, nyata lan endah. Mulo, para wong tuwo, minangka cucuk lampahing kamardikan mau, mboko sethithik ngeculke para putro dadi sangsaya mardika, nuntun marang suka rahayuning urip (priksanana Sambutan pada Pertemuan Inernasional Keluarga, Valencia, 8 Juli 2006).

3. Krenteging poro wong tuwo lan guru arep nggulawentah putro-putro ing babagan kaendahan, kasunyatan lan kabecikan, bisa sinengkuyung dening industri media nalika industri media mau nyengkuyung mbangun kaluhuraning manungsa kang baku, memetri ajining ijab lan urip bebrayatan kang sejati, lan melu mbudidaya sacara positip bisane manungsa tumeko ing paraning dumadi. Mulo, kumudu-kudune media tumemen lan konsekwen ing babagan panggulawentah kang ndayani lan ugo ing perkoro etika sing baku, digatekke sacara mirunggan lan malah kanthi nyereg ora mung dening poro wong tuwo lan guru ananging ugo sapa wae sing kroso duwe tanggungjawab ing babagan urip bebarengan.

Kinanthen neguhke keyakinan menowo wong akeh sing nggilut komunikasi sosial duwe krenteg tumindak becik (priksanana Dewan kepausan untuk komunikasi Sosial, Ethics in Communications, 4), aku kabeh ugo kudu ngakoni yen, para sedulur sing makarya ing babagan iki ngadhepi ”sesanggan psikologis mirunggan lan dilema-dilema tatanan tindak tanduk” (Aetatis Novae, 19), awit kadangkala kudu ngalami akibat soko saingan dagang sing mekso poro komunikator ngurangi mutu produksine. Maneka warna krenteg gawe program utawa produksi – klebu film animasi lan video game – sing nganggo alesan ”demi entertainmen” ananging banjur ngagul-agulake kekerasan lan ngumbar gambar-gambar kelakuan sing anti sosial, utawa ngasorake seksualitas, iku bejat, lan kudu luwih ditolak maneh, yen program mau tumuju marang putro-putro lan poro nom-noman. Kepriye bisane nerangake marang poro nom-noman, tayangan iku nyenengke kamongko nyatane poro nom-noman mau lagi ngalami urip sangsara amarga kekerasan,

Gandeng karo iki mau, mugo kabeh wae kanthi tumemen nglelimbang sepiro cengkahe ing antarane Sang Kristus kang ”ngrangkul lan numpangi Asta sarta mberkahi poro putro ....” (priks. Mrk 10:16) dibanding kang ”dadi marganing sandungan ..... luwih becik yen wong mau dikalungi watu gilingan ing gulune lan diuncalake ing segoro katimbang aweh sandungan marang wong cilik iki salah siji....” (priks. Luk 17:2). Sepisan maneh, aku ngajak poro pemimpin ing industri media supaya nggulawentah lan nyemangati poro produsen amrih podho memetri urip bebarengan sing becik, ngagungake sing bener, nguri-uri kaluhuraning manungsa siji sijine lan tambah ngajeni samubarang keperluane brayat.

4. Pasamuwan suci, pinadangan ing pawarta karahayon kang disandang, ugo dadi guruning umat manungso lan Pasamuwan Suci tansah tinarbuka kanggo aweh pitulungan marang poro wong tuwo, poro pendidik, poro komunikator, lan ugo poro nom-noman. Rancangan-rancangane paroki lan sekolah-sekolah katolik samengko kudu dadi cucuk lampah ing babagan pendidikan media. Lan ngatasi kabeh mau, Pasamuwan Suci duwe krenteg andum wawasan ing babagan ngajeni luhuring manungsa kang ora liya dadi pusat kabeh komunikasi antaraning manungso kang luhur.

”Krana nyawang miturut paningal Dalem Sang Kristus, aku bisa weweh marang pepodho, luwih soko sing dadi kabutuhan jasmanine, aku bisa asung tresno marang wong-wong kang mulo podho ngantu-antu” (Deus Caritas Est, 18)

Soko Vatikan, 24 Januari 2007, Pesta St. Fransiskus de Sales

BENEDICTUS XVI

Bahan Liturgi:

DEWAN KEPAUSAN KANGGO KOMUNIKASI SOSIAL

Hari Komunikasi Sedunia

TEMA:

PORO PUTRO LAN MEDIA:

Tantangan kanggo nggulawentah

20 Mei 2007

PANGLIMBANG

”Panggulawentahing media, koyo dene panggulawentah liyane, wis sakmestine mbangun tindak tanduk sing mardika. Tugas iki mulo nyrepeg. Kerep banget kamardikan diwartakke awujud pambudidaya terus-terusan kanggo ngudi seneng-seneng utawa mung golek sing sarwo anyar. Iki paukuman, dudu kamardikan. Kamardikan sejati ora tau nibakke paukuman – mirunggane poro putro – supaya terus-terusan ngudi perkara-perkara anyar. Pinadangan ing kasunyatan, kamardikan sejati iku jawaban sing pesthi marang ”Iya” ne Gusti Allah marang manungsa, Gusti kang nimbali aku kabeh supaya podho milih, ora sembarangan, ananging kanthi ngerti lan nganggo kekarepan, kabeh sing becik, nyata lan endah. Mulo, para wong tuwo, minangka cucuk lampahing kamardikan mau, mboko sethithik ngeculke para putro dadi sangsaya mardika, nuntun marang suka rahayuning urip”

Sajrone nawala Paus Benediktus XVI sacara mirunggan paring wigati marang pendidikan sacara umum lan kepriye nggladhi poro putro saenggo bisoo podho urip mardika. Sri Paus paring wigati, kepriye pangerten bab anggone poro putro mau ngresepi kamardikan ing satengahing masarakate, bakal dadi pambangun urip begja sing rumesep. Gegayuhan sing dhuwur iki dadi tantangan sing abot, ananging ugo asung pangerten marang daya pengaruhe isining media komunikasi sing nggegirisi. Alandesan perkoro kuwi mau Sri Paus ngajak poro warganing pasamuwan suci, brayat-brayat lan sekolah-sekolah, supoyo podho aweh panggulawentah sing ndayani ing babagan penganggone media komunikasi.

Penting lan wigati, Sri Paus Benediktus XVI ngajak aku kabeh wani nyemplung ing jagading komunikasi lan kanthi wicaksono milih samubarang sing paling becik kanggo aku kabeh lan anak putuku. Sri Paus babar pisan ora ngajak nyingkir soko donyaning media komunikasi. Aku kabeh dadi bagian donya iku mau.

Sri Paus paring wigati, poro putro butuh didampingi saben-saben podho ngadhepi media, awit ono resiko, kadangkolo podho dadi bingung, ngendi sing pancen nyoto, ngendi sing ora nyoto. Kudune: poro wong tuwo, poro pendidik lan paguyuban-paguyuban paroki nguwasani temenan boso lan teknik sing dienggo dening media, supoyo kanthi tumemen biso milih ing antarane maneka warna tawaraning media, sakbanjure biso nulungi poro putro anggone nglelimbang, saenggo poro putro biso kanthi trep anggone milih media. Ukuran umum kang adhedhasar patokan sing endah, sing becik lan sing bener biso dienggo nuntun lan ngarahake poro putro anggone podho milih acara, isi utowo ugo videogame.

Salah siji sing arep paling dituju iyo ugo nyingkiri supoyo poro putro ora kenter ing perkoro-perkoro utowo kahanan-kahanan sing biso ngrusak utowo ngapusi poro putro nganggo topeng kamardikan, utowo murugake poro putro kenter ing pepengenan arep terus golek sing sarwa anyar, sing mesti bae, sangsoyo suwe, saknyoto ora gawe mareming ati utowo ora asung kasukan sejati. Sing paling becik yaiku yen poro putro kabangun dayane kanggo sinau kepriye bisane podho milih dhewe samubarang kang paling becik tumraping uripe, kang bisa aweh pambiyantu anggone podho mekar sangsaya suko gambiro lan begjo: ”Kabeh sing endah, kang dadi kacabenggalane kang ilahi, asung inspirasi lan nyemangati ati lan budine poro nom-noman, dene sing jahat lan kasar ngebot-boti sikap lan kelakuan”. Kabeh sing endah, kang dadi ”kocobenggalaning ilahi” iki, dadi pambiyantu lan aweh inspirasi anggone podho ngecakake kamardikan kanthi tanggungjawab.

Pangandiko Dalem Sri Paus ugo ngajak poro pimpinaning industri media supoyo podho ngajeni kaluhuraning manungso. Kanthi awas marang kerep kelakon wong-wong sing makaryo ing bidang media katindhes demi dagang, nawolo iki tetep ngajak: ”memetri urip bebarengan sing becik, ngagungake sing bener, nguri-uri kaluhuraning manungsa siji sijine lan tambah ngajeni samubarang keperluane brayat.”

WAOSAN-WAOSAN

WAOSAN SEPISAN

Kis 1:1-11 ”….kowe bakal nompo kekuwatan soko Hyang Roh Suci kang bakal nedaki kowe, lan kowe bakal dadi seksiKu” (ayat 8)

Eph 1:7-23 ”Mugo Gusti dhangano madhangi mripating atimu, nganti kowe mangerti marang gedhening pengarep-arep, binuko marga timbalanmu…..” (ayat 18)

Kaw 9:1-9 ”Nyatanipun, punopo wonten tiyang sampurno ing saantawisipun anak-anaking manungso? Yen boten kasinungan kawicaksanan tumedhak saking Gusti, tiyang wau boten kapetang punopo-punopo.” (ayat 6)

MAZMUR TANGGAPAN

Mzm 46 ”Allah jumeneng pangungsen lan kasantosan kita, pitulungan tansah sumadhiya ing mongso gawat.” (ayat 2)

Mzm 23 “Pangeran pangonku, aku ora kekurangan sawiji opo” (ayat 2)

Mzm 75 ”Kawulo matur nuwun ing Sampeyan Dalem, o Allah, kawula matur nuwun sarwi nyebat asma Dalem; mawi martosaken kaelokan Dalem” (ayat 2)

WAOSAN KAPINDO

Hib 9:24-28 ”…. Gusti ngetingal mung sepisan, dhek tekan titining mongso, nglebur dosa sarono korban Dalem.” (ayat 26)

Hib 10:19-23 ”…. Ayo podho marak mowo ati jujur lan penuh ing pengandel, atiku resik sokobatin kang ololan badanku ingedus mowo banyu murni.” (ayat 22)

2Kor 7:1-4 ”….. mulane saiki aku kudu sesuci ngresiki blentonging rogo lan jiwo, nyampurnakake karyaning kasucian kanthi wedi marang Allah.” (ayat 1)

WAOSAN INJIL

Luk 24:46-53 ”…. Aku bakal ngutus marang kowe kang wis jinanjekake dening RamaKu.” (ayat 49)

Luk 17:1-4 ”Yen sedulurmu ono sing kedosan, tuturono; mengko yen keduwung, apuranen.” (ayat 3)

Mrk 10:13-16 ”Yo ben bocah cilik podho sowan mrene lan ojo kok cegati. Awit iyo sing sapadhane iki, sing ndarbeni Kratoning Allah.” (ayat 14)

SEMBAHYANGAN UMAT

Imam: Gusti Allah kawula ingkang Mahawelas. Kawula munjuk ing ngarsa Dalem soho nyenyuwun, mugi kawula sami setya tuhu mring Putra Dalem, Sang Pepadhanging jagad lan Pangeraning Katentreman. Mugi Gusti wontena dhanganing penggalih nuntun kawula sadaya anggen kawula ngayomi putro-putro lan brayat kawula.

Kawula nyuwun,

Umat: Gusti, mugi kawulanga kawula dados seksi Dalem.

Lektor: Duh Gusti, kawula munjuk tuwin nyenyuwun, mugi Santo Bopo Benediktus ingkang kaping nembelas, tansah nampi kekiyatan Dalem salebetipun makarya dados seksining katresnan Dalem ingkang mawujud ing Sang Kristus Gusti, langkung-langkung salebetipun lelados kangge sadherek-sadherek ingkang mlarat lan lara lapa. Kawula nyuwun,

Umat: Gusti, mugi kawulanga kawula dados seksi Dalem.

Lektor: Duh Gusti, kawula munjuk soho nyenyuwun, mugi poro Uskup, poro Imam, poro Diakon, lan Dewan Paroki, anggenipun lelados angen umat Dalem saestu ngestokaken pawartos Dalem Gusti Yesus ingkang asung rahayu, tresno dhateng poro putro kanthi prasojo lan lembah manah. Kawula nyuwun,

Umat: Gusti, mugi kawulanga kawula dados seksi Dalem.

Lektor: Duh Gusti, mugi paguyuban-paguyuban kawula sagedo lelados dhateng sesami, lan sagedo manggih srono ingkang ampuh kangge evangelisasi, caos paseksen lan mekaraken gesang rohani ing jagading media komunikasi sosial. Kawula nyuwun,

Umat: Gusti, mugi kawulanga kawula dados seksi Dalem.

Lektor: Duh Gusti, mugi para pengagenging pamarentah sami ngayahi tugas kuwajibanipun amrih sami ngudi wontenipun jaminan alat komunikasi social dipun ginakaken kanthi penuh tanggungjawab, langkung-langkung gegandhengan kaliyan kabetahan lan raos urmat dhateng poro putro. Kawula nyuwun,

Umat: Gusti, mugi kawulanga kawula dados seksi Dalem.

Lektor: Gusti, mugi poro tiyang sepuh lan poro guru, inggih wonten dalem, punopo dene wonten pundi kemawon, kwagang paring warisan lan nanem ing poro putro saenggo kanthi tumemen samio ngajeni gesang. Kawula nyuwun,

Umat: Gusti, mugi kawulanga kawula dados seksi Dalem.

Lektor: Gusti, mugi poro putro, langkung-langkung ingkang kasoran lan kasingkir, keparengo pinanggih kaliyan tiyang-tiyang ingkang saged paring katresnan, kawigatosan, lan raos. Kawula nyuwun,

Umat: Gusti, mugi kawulanga kawula dados seksi Dalem.

Lektor: Duh Gusti, mugi poro pimpinaning media komunikasi social, pinadangan ing Hyang Roh Suci, ingkang paring pepadhang, nucekaken, paring kawicaksanan, lan langkung-langkung nanem krenteg kangge mbudidoyo amrih kaluhuraning manungso. Kawula nyuwun,

Umat: Gusti, mugi kawulanga kawula dados seksi Dalem.

Imam: Allah Hyang Romo ingkang Moho sae, wonteno dhanganing penggalih midhangetaken sadoyo atur kawulo. Mugi, lantaran Sang Kenya Maria, Ibuning Allah, Ibu Kawula sadoyo, kawula tansah ngudi dados seksi-seksi Dalem, ugi kanthi ngangge alat-alat komunikasi sosial, nugroho Dalem kangge umat manungso. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula, Sang Komunikator Agung, ing salami-laminipun.

Umat: Amin.

Friday, February 24, 2006

Gereja dan alat komunikasi sosial



SIKAP GEREJA

TERHADAP

ALAT-ALAT

KOMUNIKASI SOSIAL


Dari dekrit Inter Mirifica artikel 3


Gereja Katolik didirikan oleh Kristus Tuhan untuk membawa keselamatan kepada semua manusia. Karena itu ia didesak dengan sangat untuk menginjil, dan menganggap bagian dari tugasnya untuk mewar­takan berita keselamatan juga melalui alat-alat komunikasi dan untuk mengajar manusia mengenai penggunaannya yang tepat.


Maka

Gereja mempunyai hak alamiah

untuk menggunakan

dan memiliki

serba ragam alat ini,

sejauh dibutuhkan dan berguna bagi pendidi­kan Kristen dan bagi semua usaha penyelamatan jiwa-jiwa. Adalah tugas para gembala kudus untuk mengajar dan membimbing umat sekian, sehingga juga berkat bantuan alat-alat ini, mereka mempe­roleh keselamatan dan kesempurnaan dirinya dan seluruh umat manusia.


Selain itu,

adalah tugas terutama para awam,

untuk mengilhami alat-alat ini

dengan semangat manusiawi dan semangat Kristiani,

sehingga sesuai dengan rencana Ilahi.




Pastoral dan Komsos

TEMPAT

MEDIA KOMUNIKASI SOSIAL

DALAM

KARYA PASTORAL GEREJA


Dari Aetatis Novae artikel 17.

Sejalan dengan komitmen-komitmennya yang lain di bidang komunikasi dan media, Gereja harus terus meskipun menghadapi berbagai kesulitan mengembangkan, memelihara, dan memajukan sarana-sarana dan program-program komunikasi sosialnya yang secara khusus bersifat Katolik. Ini mencakup pers Katolik, kan­tor-kantor untuk hubungan masyarakat dan koordinasi media, penelitian media, dan organisasi-organisasi kaum profesional di bidang komunikasi yang bertalian dengan Gereja, termasuk organis­asi-organisasi komunikasi Katolik Internasional yang para anggotanya adalah orang-orang yang berpengetahuan dan kompeten dan dapat bekerja sama dengan konperensi-konperensi Waligereja maupun dengan para Uskup secara perseorangan.


Kegiatan media Katolik bukanlah hanya merupakan suatu program lagi disamping kegiatan-kegiatan Gereja lainnya: komunikasi sosial mempunyai peran yang harus dijalankan dalam semua aspek misi Gereja. Jadi, bukan saja harus ada suatu rencana pastoral untuk komunikasi, melainkan komunikasi harus juga merupakan bagian integral dari setiap rencana pastoral, karena komunikasi dapat memberikan sumbangan kepada hampir setiap kegiatan kerasu­lan, pelayanan dan program kita.


Hari Komunikasi Sosial Sedunia



HARI KOMUNIKASI SOSIAL

Satu-satunya hari yang ditetapkan oleh para Uskup dalam Konsili Vatikan II agar dilaksanakan oleh umat Katolik diseluruh dunia.

Inter Mirifica artikel 18.

Untuk mengukuhkan dengan lebih berhasilguna berbagai ragam kerasulan Gereja di bidang alat-alat komunikasi sosial, maka berdasarkan pertimbangan para uskup,

dalam semua keuskupan di dunia,

tiap tahun dirayakan satu hari,

dalamnya

umat beriman dibina mengenai tanggung jawabnya di bidang ini,

serta diundang untuk mencurahkan doa bagi kepentingan ini


Hari Komunikasi Sosial Sedunia 1967-2007



TEMA-TEMA

HARI

KOMUNIKASI SOSIAL

SEDUNIA

1967 - 2007


Surat Gembala Paus
Untuk Hari Komunikasi Sosial Sedunia

1967. Gereja dan Komunikasi Sosial

1968. Komunikasi Sosial dan Perkembangan Bangsa-bangsa

1969. Komunikasi Sosial dan Keluarga

1970. Komunikasi Sosial dan Kaum Muda

1971. Komunikasi Sosial dan Usaha membangun persatuan umat manusia

1972. Komunikasi Sosial dan pembangunan kebenaran

1973. Media Masa dan Pengakuan serta Penawaran nilai-nilai rohani

1974. Komunikasi Sosial dan Evangelisasi di dunia masa kini

1975. Komunikasi Sosial dan Rekonsiliasi

1976. Komunikasi Sosial dan Hak-hak dan Kewajiban Manusia yang Dasariah

1977. Beriklan dalam Media Masa: Keuntungan, Bahaya, dan tanggungjawab

1978. Hak-hak dan Kewajiban-kewajiban para penerima Komunikasi Sosial

1979. Komunikasi Sosial yang melindungi anak-anak dan menawarkan keterlibatan konkrit dalam keluarga dan masyarakat

1980. Komunikasi Sosial dan Keluarga

1981. Komunikasi sosial dan Tanggungjawab atas kebebasan manusia

1982. Komunikasi sosial dan masalah-masalah manula

1983. Komunikasi sosial dan promosi perdamaian

1984. Komunikasi Sosial: sarana perjumpaan antara iman dan budaya

1985. Komunikasi Sosial dan dukungan bagi kaum muda kristiani

1986. Komunikasi sosial dan pembentukan pandangan umum secara kristiani

1987. Komunikasi Sosial dan pembangunan Keadilan dan Perdamaian

1988. Komunikasi Sosial dan pembangunan solidaritas dan persaudaraan di antara manusia dan bangsa-bangsa

1989. Agama dalam Media Masa

1990. Warta Kristiani dalam budaya komputer

1991. Komunikasi dan persatuan serta kemajuan keluarga manusia

1992. Pewartaan pesan Kristus dalam Media Komunikasi

1993. Videokaset dan audiokaset dalam pembangunan budaya dan kesadaran

1994. Televisi dan keluarga: petunjuk-petunjuk untuk menonton dengan baik

1995. Film: komunikator kebudayaan dan nilai

1996. Media: forum modern untuk menegakkan peranan wanita dalam masyarakat

1997. Mengkomunikasikan Yesus: Jalan, Kebenaran, dan Hidup

1998. Dalam kuasa Roh Kudus, mengkomunikasikan pengharapan

1999. Media massa: sahabat yang ramah bagi siapa pun yang mencari Bapa

2000. Mewartakan Kristus dalam Media saat Fajar Milenium Baru

2001. "Wartakan dari atap rumah": Injil di Jaman Komunikasi Global

2002. Internet Forum Baru untuk mewartakan Injil.

2003. Media Komunikasi melayani damai sejati dalam terang Pacem In Terris

2004. Media dan Keluarga: Manfaatkan Kekayaannya Waspadai Resikonya

2005. Media Komunikasi: Pelayanan Saling Pengertian di antara masyarakat

2006. Media: Jaringan komunikasi, pemersatu, dan kerjasama

2007. Anak-anak dan Media: Tantangan bagi Pendidikan

Poro Putro lan Media: tantangan kanggo Pendidikan




Dokumen Dasar




DOKUMEN GEREJA KATOLIK

TENTANG

KOMUNIKASI SOSIAL




· The Church and Internet (Gereja dan Internet) (February 28, 2002)

· Ethics in Internet (Etika dan Internet) (February 28, 2002)

· Ethics in Communications (Etika dalam Komunikasi) (June 2, 2000)

· Letter to Artist (Surat kepada para seniman) (1999)

· Ethics in advertising (Etika dalam Periklanan) (February 22, 1997)

· 100 Years of Cinema (100 tahun Film) (1995-1996)

· Aetatis Novae (Situasi-situasi Baru) (February 22, 1992)

· Criteria for ecumenical and inter-religious cooperation in communications (Kriteria-kriteria untuk kerjasama ekumenis dan antar agama dalam komunikasi) (October 4, 1989)

· Pornography and violence in the communications media: a pastoral response (Pornografi dan kekerasan dalam media komunikasi: sebuah tanggapan pastoral) (May 7, 1989)

· Guide to the training of future priests concerning the instruments of social communications (Tuntunan pelatihan untuk para calon imam sehubungan dengan alat-alat komunikasi sosial) (March 19, 1986)

· An appeal to all contemplative Religious (Sebuah himbauan untuk semua rohaniwan kontemplatif) (June 3, 1973)

· Communio et Progressio (Paguyuban dan Kemajuan) (May 23, 1971)

· Regulations for the audio-visual representation of ceremonies and of locations directly dependent on the Holy See (August 13, 1965)

· Apostolic Letter "Motu Proprio" In fructibus multis which estabilished the Pontifical Commission for Social Communications (April 2, 1964)

· Conciliar Decree Inter Mirifica (Dekrit Konsili: Inter Mirifica, di antara hal-hal yang mengagumkan) (December 4, 1963

· Statute of the Vatican Film-Library (Statuta tentang Perpustakaan Film Vatikan) (November 16, 1959)

· Apostolique Letter "motu proprio" Boni Pastoris (Surat Apostolis Penggembalaan yang baik) (February 22, 1959)

· Apostolic Letter (brief) proclaiming Saint Claire as Heavenly Patron of Television (Surat apostolik menegaskan Santa Clara sebagai Teladan Surgawi untuk televisi) (August 21, 1958)

· Encyclical Letter Miranda Prorsus (Ensiklik “Miranda Prorsus”)(September 8, 1957)

· The Ideal Film (Film yang ideal) (Exhortations of His Holiness Pius XII to representatives of the world of the cinema) (June 21, 1955 - October 25, 1955)

· Approval of the new statutes and change to Pontifical Commission for the Cinema, Radio and Television (Penetapan tentang statuta baru dan perubahan Komisi Kepausan untuk Film, Radio dan Televisi) (December 16, 1954)

· Change to Pontifical Commission for the Cinema and approval of the Statutes (Perubahan pada Komisi Kepausan untuk Film dan penetapan statutanya) (January 1, 1952)

· Establishment of the Pontifical Commission for Educational and Religious Films and approval of the Statutes (Pendirian Komisi Kepausan untuk Film Pendidikan dan Rohani dan penetapan statutanya) (September 17, 1948)

· Establishment "ad experimentum" of the Pontifical Commission for the Study and Ecclesiastical Evaluation of Films on Religious or Moral Subjects (Pendirian sementara Komisi Kepausan untuk mempelajari dan mengevaluasi secara gerejani tentang film dalam hal-hal rohani dan moral)(January 30, 1948)

· Encyclical Letter Vigilanti cura (Ensiklik Vigilanti Cura) (June 29, 1936)




Wednesday, February 01, 2006

Seksi Komsos dalam Panitia APP

USUL KEMUNGKINAN

DUKUNGAN SEKSI KOMSOS PAROKI

BAGI

PANITIA AKSI PUASA PEMBANGUNAN PAROKI

Sebuah usulan

Mengusahakan segala sesuatu yang baik dan perlu agar umat beriman dapat melaksanakan aksi puasa pembangunan yang memperkembangkan imannya.

1. Mengusahakan segala sesuatu yang baik dan perlu agar umat beriman memiliki pengetahuan yang cukup tentang Puasa/pantang. Pengetahuan yang cukup berarti tahu tentang: Puasa/pantang katolik itu apa, kapan saja dilaksanakan (sampai tanggalnya), semangat dasarnya, kemungkinan-kemungkinan pelaksanaannya baik secara pribadi maupun bersama-sama.

Dalam pelaksanaan tugas ini, Seksi Komunikasi Sosial dapat berperan


Bekerjasama dengan

Kegiatan

a

Sekretariat Panitia APP Paroki

· Membuat pengumuman yang mengena bagi umat, baik secara umum maupun untuk kelompok kategorial/fungsional.

b

Liturgi, Para Seniman

· Dramatisasi-dramatisasi dalam liturgi (sejak Rabu Abu, selama jalan salib, dst)

· Mempersiapkan pembacaan kitab suci yang kreatif: didaraskan, dibacakan bergantian, dengan iringan musik.

· Merencanakan menghias gedung gereja/kapel untuk membantu pembangunan suasana puasa/pantang

c

Pewartaan

· Seminggu sebelum Rabu Abu, serentak di lingkungan/kelompok diadakan penjelasan tentang Puasa Katolik (dengan kaset/vcd)

· Mengolah bersama bahan permenungan APP dan mencari metode yang cocok penerapannya dalam pertemuan-pertemuan di paroki. Sudah ada pola yang ditawarkan oleh keuskupan/kevikepan, tetapi setiap paroki tetap boleh merancang sendiri bentuk pertemuannya. Pakai gambar? Pakai kaset? Pakai VCD?

· Melaksanakan pelatihan bagi para pemandu lingkungan/kelompok, untuk menambah ketrampilan dan kemampuan pemanduan.

d

Dana APP

· Merancang tempat untuk mengumpulkan dana app dan teknis pelaksanaannya pada saatnya kelak.

e

Sosial Kemasyarakatan

· Mengajak anak, remaja, umat umum untuk membuat puisi, cerpen, artikel yang berkaitan dengan tema APP untuk dikirimkan ke media umum.

· Mengisi siaran di radio, televisi, yang berkaitan dengan tema APP




2. Mengusahakan segala sesuatu yang baik dan perlu agar umat beriman terbantu untuk menghayati pelaksanaan puasa/pantangnya sebagai penghayatan dan wujud kasih setia Tuhan dalam kehidupannya baik secara pribadi maupun dengan sesamanya. Penghayatan ini dapat dibantu dengan mengadakan doa-doa, baik doa-doa liturgis, doa-doa devotionalia (jalan salib, rosario), maupun doa-doa lainnya. Penghayatan ini juga dapat dibantu dengan mengadakan pertemuan-pertemuan umat untuk mengolah cita, rasa, dan karsa soal puasa yang membangun. Penghayatan ini dapat juga didukung dengan acara-acara dan kegiatan-kegiatan yang ikut membangun suasana seperti, mengadakan drama, lomba koor (pilihan lagunya menentukan suasana yang akan dibangun).

Dalam pelaksanaan tugas ini, Seksi Komunikasi Sosial dapat berperan


Bekerjasama dengan

Kegiatan

a

Sekretariat Panitia APP Paroki

· Membuat pengumuman yang mengena bagi umat, baik secara umum maupun untuk kelompok kategorial/fungsional. Mengusahakan agar kegiatan umat dapat diketahui dan dibagikan kepada umat lainnya.

· Membuat poster, stiker, edaran yang mengingatkan umat akan APP dan temanya.

b

Liturgi, Para Seniman

· Dramatisasi-dramatisasi dalam liturgi (sejak Rabu Abu, selama jalan salib, dst)

· Melaksanakan pembacaan kitab suci yang kreatif: didaraskan, dibacakan bergantian, dengan iringan musik.

· Menghias gedung gereja/kapel untuk membantu pembangunan suasana puasa/pantang

c

Pewartaan

· Mendukung terlaksananya pertemuan APP lingkungan/kelompok sesuai dengan yang telah direncanakan. Dukungan konkret misalnya dengan menyediakan tenaga untuk pemakaian sarana-sarana komunikasi sosial.

· Menuangkan hasil pembicaraan kelompok dalam bentuk-bentuk yang mudah dipakai dalam pertemuan selanjutnya (poster, kartoon)

· Mencarikan dan menyediakan sarana-sarana komunikasi sosial yang dapat membantu pertemuan selanjutnya.

d

Dana APP

· Merancang tempat untuk mengumpulkan dana app dan teknis pelaksanaannya pada saatnya kelak.

e

Sosial Kemasyarakatan

· Mengajak anak, remaja, umat umum untuk membuat puisi, cerpen, artikel yang berkaitan dengan tema APP untuk dikirimkan ke media umum.

· Mengisi siaran di radio, televisi, yang berkaitan dengan tema APP

f

Siapa saja

· Mengadakan lomba-lomba yang berkaitan dengan tema APP

3. Mengusahakan segala sesuatu yang baik dan perlu agar umat beriman mampu melaksanakan karya pembangunan masyarakat sebagai buah langsung dari penghayatan dan pelaksanaan puasa dan pantangnya. Pembangunan masyarakat ini dapat dilaksanakan secara langsung (dengan tangan dan kaki), misalnya dalam bentuk kerja bakti pembangunan sarana umum; tetapi juga dapat dilaksanakan dengan aneka bentuk lainnya: membangun suasana kondusif dalam masyarakat, mendukung kegiatan masyarakat (RT/RW)

Dalam pelaksanaan tugas ini, Seksi Komunikasi Sosial dapat berperan


Bekerjasama dengan

Kegiatan

a

Sekretariat Panitia APP Paroki

· Membuat pengumuman yang mengena bagi umat, baik secara umum maupun untuk kelompok kategorial/fungsional. Mengusahakan agar kegiatan umat dapat diketahui dan dibagikan kepada umat lainnya.

· Membuat poster, stiker, edaran yang mengingatkan umat akan APP dan temanya.

b

Liturgi, Para Seniman

· Membuat hasil-hasil pertemuan kelompok menjadi rumusan-rumusan doa yang akan dipakai dalam liturgi-liturgi Paroki, khususnya pada hari Minggu, sebagai sisipan/tambahan.

c

Pewartaan

· Menuangkan hasil pembicaraan kelompok dalam bentuk-bentuk yang dapat dinikmati oleh umat dan juga masyarakat (poster, kartoon)

d

Sosial Kemasyarakatan

· Mengajak anak, remaja, umat umum untuk membuat puisi, cerpen, artikel yang berkaitan dengan tema APP untuk dikirimkan ke media umum.

· Mengisi siaran di radio, televisi, yang berkaitan dengan tema APP

e

Siapa saja

· Mengadakan lomba-lomba yang berkaitan dengan tema APP